Satria's Homepage
 

Journal

Wednesday,Sep 30 2009, 01:17:07 AMOjo dadi ati

Opo kabare kanca-kanca kabeh ? Mugo tansah saras lan bungah. Sawise ba'da lebaran kahanan kaya-kaya sayah tenan bubare peperangan gedhe. Awak rasane lungrah lan semangat rada kendho. Kudune sabubare prei dawa malah sabalike tho? Yo kasunyatane ora kaya ngono. Wis lumrah ora dheweni kok.

Nah ! kanggo nyemangati amrih bisa aktivitas kaya dina-dina wingi, aku goleki cara kepriye bisa smangat maneh. Salah sawiji caraku yaiku nyapa kanca-kanca sing lagi online. Takon kepriye kabare lan kahanane. Miturutku penemuku cara iki sing rada efektif. Bungah rasane wis ngaweruhi kahanan kanca sing padha saras lan bungah kabeh.

Mung ana sawiji kahanan utawa kedadeyan sing ngganggu pemikiranku. Ana sawiji kanca online, karepku mung ameh nyapa wae wong jenenge kanca. Ora ana niyat kanggo ngobrol suwe ya mung takon kahanane dheweke bae. Weh lah gek lagi di click wis langsung offline. Mbok ya'o yen ana chatbox ditanggepi sedhelo, apa karepe ngajak chatting. Yen dheweke lagi sibuk utawa lagi ora bisa diselani karepku mbok yo diwangsuli sing becik, diwangsuli yen dheweke ora bisa diajak chatting. Dadi ora marak'ake pikiran kanggo kanca liyane. Ojo wedi ora gelem dadi kancane maneh. Yen mangsuli kanthi becik mesthi kanca liyane yo bisa paham uga malah hormat marang selirane. Awakku dhewe yo nerapke sing kaya ngono mau. Aku ora lara ati utawa dadi atiku manawa kanca sing ameh diajak chatting ora sempat utawa ora duwe wektu kanggo ngobrol. Jenenge bae kekancan yo kudu padha tepa selira .... bener apa ora ?

Guestbook

9/30/2009 5:27 PMojo dadi ati

wiwinchalaxs
wiwin 37, Semarang, Indonesia
hu uh bro aku setuju buangetz ro unek unek mu,ancene atine menungso iku ora podo bro kadang ono sing apik,an kadang ono juga sing marahi mangkelke ati, tapi klu niat kita mang mau nyari konco yo kita tompo wae opo sing dadi karepe konco2 kabeh klu pas kita nemui sing rodo ora maremke ati yo nggolek lione wae sing keno jek kekancan apik,an kan ora kudu karo wong siji iku thok ,rak perlu dadi ati yohhh...heheheheheeh salam kenal wae teko aku wiwin

10/1/2009 12:55 AMRe: ojo dadi ati

ksatria73
SatriaVerified Zorpian 36, Semarang, Indonesia
Matur nuwun mbakyu sampun nyempatake maca jurnal punika lan ugi matursembahnuwun salam kenale panjenengan, salam kenal ugi katur panjenengan. Wis basa biasa ae yoo...ribet rada suwi...heheheh.
Pancene yen ono sing nganyelke ati, ora bisa diajak kekancan kanthi becik, yo wis ora tak gatekna maneh ... tak sapa wae wis ora maneh meski aq ngerti yen online.
Pikirku seh yen bisa becik yo dadi kanca ananging yen ala yo tak tinggalno...apa gunane kanca yen marakake memala utawa cilaka utawa handadekake awake dhewe dadi olo.
Post Comment
Subject:
Body: